kata bijak bahasa jawa

Kata Kata Bijak Bahasa Jawa

Kata Kata Bijak
Kata Kata Bijak
“Urip kui… wang sinawang. Koyoke sing ndelok keenak, sing nglakoni durung mesti kepenak… Sing ndelok koyoke ra kepenak tapi sing nglakoni kepenak?? Di syukuri wae opo sing di duweni, sing penting eling marang  sing ngecet Lombok abang.”
“Witing trasno jalaran soko kulino, lunture tresno jalaran ono wong liyo…”
“Adigang, adigung, adiguna.”
“Ora kabeh wong seneng marang opo sing dewek lakoni, nanging ora kenapa, sing penting niat dewek apik lan nglakoni sing bener.”
“Ojo gumunan, ojo getunan, ojo kagetan, ojo aleman, ojo geleman.”
“Gusti Allah paring pitedah, bisa saking bungah, bisa saking susah.”
“Sabar kuwi krasa jembar. Jembar donyane, jembar jiwane, jembar pemikirane, jembar pasedulurane, lan jembar kamulyane.”
“Otot kawat balung wesi, kerjo sing semangat golek rejeki.”
“Atine wong liya sopo sing ngerti. Apamaning yen ora gelem takon. Mikir nganti buthak yo ora bakal ngerti.”
“Alam ora bisa di lawan. Awu sing sumebar iki sejatine berkah Gusti kanggo njaga kasuburan bumi jawa iki. Mula ayo di syukuri.”
“Sugeng enjing. Isuk isuk ojo galau mbarai ceper tuwo.”
“Sapa sing gelem nggawe senenge liyan iku bakal oleh piwales kang luwih gedhe tinimbang opo kang ditindakake.”
“Ojo rumongso biso, nanging bisoho rumongso.”
“Ing ngarso sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.”
“Ajining diri soko lathi, ajining rogo soko busono, agama agamaning aji.”
“Sak adoh adohe kowe lunga, tetep elingo wong tuwo. Wong tuwo ora butuh bondo, nanging butuh anak e teko.”
“Ojo tinggal nyolong playu.”
“Mikul dhuwur mendem jero.”
“luwih pantes di ajeni wong wani urip tinimbang wani mati, yen wani urip kudhu kuat, yen wani mati bisa mung kerana nekat.”
“Yen wis bisa ngaji kitap suci, aja lali anggone ngaji diri.”
“Manungso kuwi ngundhuk wohing pakerti.”
“Becik kethitik ala ketoro.”
“Wong menang iku wong sing bisa ngasorake priyanggane dhewe.”
“Urip kuwi cuman mampir ngombe, ojo dipekso yen ora bisa, kabeh kuwi wes ono sing ngatur dioyak soyo adoh, di pikir soyo bingung, di gelani soyo rekoso, wes kersane Gusti mawon, glinding.”
“Tresno iku kadang koyo criping telo, iso ajur nek ora ngati ati le legowo.”
“Witing tresno jalaran soko kulino, witing mulyo jalaran wani rekoso.”
“Aja buru menange dhewe.”
“Ojo tresno mergo rupo, rupo iso tuwo. Ojo tresno mergo bondo, bondo iso sudo. Ojo tresno mergo pangkat, pangkat iso dipecat. tresno iku mergo ati ra baka owah tekaning pati.”
“Lamun ono jaman ora kepenak, sira aja lali nyuwun pangapura marang pangeraira. Jalaran pangeranira bakal aweh pitulungan.”
“Nopo sampun dugi mongsone? Wolak walik ing jaman, wong waras lan adil uripe ngenes lan kepencil.”
“Golek sampurnaning urip lahir bathin lan golek kasempurnaning pati.”
“Noto ati ben uripe mukti. Noto ilat ben ora kuwalat. Noto roso ben ora ciloko. Noto polah ben ora salah. Syukuri sing dadi peparinge gusti.”
“Nerimo ing pandum.”
“Nek lagi rekoso ojo ngersulo, lakon ono lan donga’o wae luwih becik.”
“Ojo dumeh, ojo nyeleneh, ojo ngersulo, ojo suloyo, lan rasah neko neko.”ka

Komentar